Kamis, 29 Juli 2010

KASUSASTRAN JAWA

Dening: Heru Subrata

Macapat (Tembang Cilik) Puisi Jawa Lawas

Macapat iku tembang tradhisional ing tanah Jawa. Saben bait macapat nduwèni baris kalimat sing diarani gatra, lan saben gatra nduwé sawetara guru wilangan (suku kata) tinamtu, lan dipungkasi nganggo uni pungkasan sing diarani guru lagu.

Macapat kanthi jeneng sing béda uga bisa ditemokaké jroning kabudayan Bali, Sasak, Madura, lan Sunda. Sajabané kuwi macapat uga naté ditemokaké ing Palembang lan Banjarmasin. Biasané macapat dimaknani minangka maca papat-papat, yaiku cara maca saben patang wanda (suku kata). Nanging bab iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liya uga ana. Macapat dikira muncul ing pungkasan jaman Majapahit lan wiwitané pengaruh Walisanga, nanging bab iki mung kanggo kahanan ing Jawa Tengah. Sebab ing Jawa Wétan lan Bali macapat wis dikenal sadurungé teka Islam.

Karya-karya kasusastran klasik Jawa saka jaman Mataram Anyar, umumé ditulis nganggo metrum macapat.. Sawijining tulisan jroning wangun prosa utawa gancaran umumé ora dianggep minangka asil karya sastra nanging mung kayadéné 'daftar isi' waé. Sawetara conto karya sastra Jawa sing ditulis jroning tembang macapat kalebu Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, lan Serat Kalatidha.

Puisi tradisional Jawa utawa tembang iki biasané dipérang dadi telung kategori: tembang cilik, tembang tengahan lan tembang gedhé. Macapat digolongaké kategori tembang cilik lan uga tembang tengahan, déné tembang gedhé arupa kakawin utawa puisi tradhisional Jawa Kuna, nanging ing jaman Mataram Anyar, ora dipatrapaké prabédan antara suku kata dawa lan cendhak. Saliyané kuwi tembang tengahanuga bisa ngarujuk marang kidung, puisi tradhisional jroning basa Jawa Tengahan.

Yèn dibandhingaké karo kakawin, aturan-aturan jroning macapat kuwi béda lan luwih gampang dipatrapaké jroning basa Jawa amarga béda karo kakawin sing didhasaraké marang basa Sangskerta, jroning macapat prabédan antara suku kata dawa lan cendhak dilirwakaké.

Aturan-aturan jroning macapat mau antara liya:

§ Guru gatra : wilangan larik/gatra saben pada (Indonesia: bait).

§ Guru wilangan : wilangan wanda (Indonesia: suku kata) saben gatra.

§ Guru lagu : tibané swara wanda ing pungkasan ing saben gatra.

Déné, tembang utawa sekar sejatiné ana werna-werna. Lumrahé dipérang dadi telung jenis, yaiku: Sekar alit, sekar tengahan lan sekar ageng.

Étimologi

Macapat kerep dijarwakaké minangka maca papat-papat awit carané maca pancèn rinakit saben patang wanda. Nanging iki dudu siji-sijiné makna, penafsiran liyané uga ana. Sawijining pakar Sastra Jawa, Arps ngandaraké sawetara makna liya ing bukuné Tembang in two traditions. Saliyane sing wis kasebut ing dhuwur, makna liya yakuwi tembung -pat ngarujuk marang cacahing tandha diakritis (sandhangan) jroningaksara Jawa sing relevan jroning panembangan macapat.

Banjur miturut Serat Mardawalagu, sing dikarang dening Ranggawarsita, macapat minangka cekakan saka frasa maca-pat-lagu sing tegesé "nglgokaké nada kapapat". Saliyané maca-pat-lagu, isih ana manèh maca-sa-lagu, maca-ro-lagu lan maca-tri-lagu. Miturut ujaring kandhamaca-sa klebu kategori paling tuwa lan diciptakaké déning para Déwa lan diturunaké marang pandita Walmiki lan ditangkaraké déning sang pujangga istana Yogiswara saka Kedhiri. Nyatané iki klebu kategori sing saiki disebut kanthi jeneng tembang gedhé. Maca-ro klebu tipe tembang gedhé yakuwi cacahing ‘’bait’’ (pada?) saben pupuh bisa kurang saka papat sauntara kuwi cacahing suku kata (wanda?) jroning saben bait (pada) ora mesthi padha lan diciptakaké déning Yogiswara. Maca-tri utawa kategori sing katelu yakuwi tembang tengahan sing miturut ujar diciptakaké déning Resi Wiratmaka, pandhita istana Janggala lan disampurnakaké déning Pangeran Panji Inokartapati lan saduluré.Wusanané, macapat utawa tembang cilik diciptakaké déning Sunan Bonang lan diturunaké marang para wali.

Sejarah

Macapat minangka sebutan metrum puisi jawa tengahan lan jawa anyar, sing nganti saiki isih ditresnani masarakat, nyatané pancèn angèl dilacak sajarahé. Poerbatjaraka mratélakaké yèn macapat lair bebarengan karo geguritan abasa jawa tengahan, nalika macapat wiwit dikenal, durung diweruhi sacara premana. Pigeaud nduwèni panemu yèn tembang macapat dipigunakaké ing wiwitan periode Islam.

Pratélan Pigeaud sing asipat informasi kira-kira iku isih perlu diupayakaké kacocogan tauné sing mesthi. Déné Karseno Saputra ngira-ira adhedhasar analisis marang sawetara panemu lan pratélan. Yèn nyata pola metrum sing dipigunakaké ing tembang macapat padha karo pola metrum tembang tengahan lan tembang macapat tuwuh ngrembaka sairing karo tembang tengahan, mula banjur dikira-kira yèn tembang macapat wis ana ing kalangan masarakat saora-orané taun 1541 masèhi. Pangira-ira iki adhedhasar angka taun sing ana ing kidung Subrata, Juga Rasa Dadi Jalma = 1643 J utawa 1541 masèhi. ( Saputra, 1992 : 14 ) Bab iki adhedhasar pola metrum macapat sing paling wiwitan sing ana ing kidung Subrata. Watara taun iku tuwuh geguritan abasa jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar yaiku kekawin, kidung lan macapat. Taun pangira-ira kuwi cocog uga karo panemuné Zoetmulder luwih kurang ing abad XVI ing jawa urip bebarengan telu basa, yaiku jawa kuno, jawa tengahan lan jawa anyar. Jroning Mbombong manah I ( Tejdohadi Sumarto, 1958 : 5 ) disebutaké yèn tembang macapat ( sing nyakup 11 metrum ) diciptakaké déning Prabu Dewawasesa utawa Prabu Banjaransari saka Sigaluh ing taun Jawa 1191 utawa taun Masèhi 1279. Ananging miturut sumber liya, macapat ora mung diciptakaké déning sawiji uwong, nanging déning sawetara wali lan bangsawan. ( Laginem, 1996 : 27 ). Para pancipta iku yakuwi Sunan Giri Kedaton, Sunan Giri Prapen, Sunan Bonang, Sunan Gunung Jati, Sunan Murya, Sunan Kali Jaga, Sunan Drajat, Sunan Kudus, Sunan Geseng, Sunan Majagung, Sultan Pajang, Sultan Adi Eru Cakra lan Adipati Nata Praja. Nanging miturut kajian ilmiah ana loro panemu sing nduwèni prabédan ngenani lairé macapat. Panemu sepisan mratélakaké yèn tembang macapat iku luwih tuwa tinimbang tembang gedhé lan panemu kaloro suwaliké. Kajaba panemu iku isih ana panemu liya ngenani lairé macapat adhedahsar perkembangan basa.

A). Tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé Panemu pisanan nganggep yèn tembang macapat luwih tuwa tinimbang tembang gedhé tanpa wretta utawa tembang gedhé kawi miring. Tembang macapat timbul ing zaman Majapahit pungkasan nalika pengaruh kabudayan Islam wiwit surut ( Danusuprapta, 1981 : 153-154 ). Diandaraké déning Purbatjaraka yèn lairé macapat bebarengan karo kidung, kanthi anggepan yèn tembang tengahan ora ana. ( Poerbatjaraka, 1952 : 72 )

B). Tembang macapat luwih anom tinimbang tembang gedhé Panemu kaloro nganggep yèn tembang macapat lair ing wektu pengaruh kabudayan Hindu tansaya tipis lan rasa kabangsan wiwit tuwuh, yaiku ing zaman Majapahit pungkasan. Lairé macapat urut-urutan karo kidung banjur muncul tembang gedhé abasa jawa pertengahan, sabanjuré muncul macapat abasa jawa anyar. Lan ing zaman Surakarta wiwitan muncul tembang gedhé kawi miring. Wangun gubahan abasa jawa anyar sing akèh disenengi yaiku kidung lan macapat. Prosès pamunculané wiwit nalika lair karya-karya abasa jawa pertengahan sing biasa disebut kitab-kitab kidung, banjur muncul karya-karya abasa jawa anyar arupa kitab-kitab suluk lan kitab-kitab niti. Kitab suluk lan kitab niti iku mènèhi sumbangan sing gedhé marang perkembangan macapat.

C). Tembang macapat adhedhasar perkembangan basa Jroning hipotesis Zoetmulder ( 1983 : 35 ) disebutaké yèn sacara linguistik basa jawa pertengahan dudu arupa pangkal basa jawa anyar, nanging arupa rong cawang singkapisah lan divergen ing basa jawa kuna. Basa jawa kuna minangka basa umum sajroning periode Hindu – Jawa nganti runtuhé Majapahit. Wiwit tekané pengaruh Islam, basa jawa kuna tuwuh miturut rong arah sing béda siji lan sijiné lan nuwuhaké basa jawa pertengahan lan basa jawa anyar. Sabanjuré, basa jawa pertengahan lan kidungé berkembang ing Bali lan basa jawa anyar kanthi macapat-é tueuh ing Jawa. Malah nganti saiki tradisi panulisan karya sastra jawa kuna lan pertengahan isih ana ing Bali.

Sekar Macapat utawa Sekar Alit

Macapat iki uga sinebut tembang macapat asli, kang umumé dienggo sumrambah ing ngendi-ngendi. Urut-urutané tembang Jawa iku padha karo lelakoning manungsa saka mulai bayi abang nganti tumekaning pati. Mungguh kaya mangkéné urut-urutané tembang kaya kang ing ngisor iki:

1. Maskumambang: Gambaraké jabang bayi sing isih ono kandhutané ibuné, sing durung kawruhan lanang utawa wadon, Mas ateges durung weruh lanang utawa wadon, kumambang ateges uripé ngambang nyang kandhutané ibuné.

2. Mijil: Ateges wis lair lan wis cetha priya utawa wanita.

3. Sinom: Ateges kanoman, minangka kalodhangan sing paling wigati kanggoné wong anom supaya bisa ngangsu kawruh sak akèh-akèhé.

4. Kinanthi: Saka tembung kanthi utawa nuntun kang ateges dituntun supaya bisa mlaku ngambah panguripan ing alam ndonya.

5. Asmarandana: Ateges rasa tresna, tresna marang liyan (priya lan wanita lan kosok baliné) kang kabèh mau wis dadi kodrat Ilahi.

6. Gambuh: Saka tembung jumbuh / sarujuk kang ateges yèn wis jumbuh / sarujuk banjur digathukaké antarane priya lan wanita sing padha nduwèni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan.

7. Dhandhanggula: Nggambaraké uripé wong kang lagi seneng-senengé, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon duwé sisihan/bojo, duwé anak, urip cukup kanggo sak kulawarga. Mula kuwi wong kang lagi bungah / bombong atine, bisa diarani lagu ndandanggula.

8. Durma: Saka tembung darma/wèwèh. Wong yen wis rumangsa kacukupan uripé, banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyané kang lagi nandang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepéngin darma/wèwèh marang sapadha-padha. Kabèh mau disengkuyung uga saka piwulangé agama lan watak sosialé manungsa.

9. Pangkur: Saka tembung mungkur kang ateges nyingkiri hawa nepsu angkara murka. Kang dipikir tansah kepingin wèwèh marang sapadha - padha.

10. Megatruh: Saka tembung megat roh utawa pegat rohe / nyawane, awit wis titi wanciné katimbalan marak sowan mring Sing Maha Kuwasa.

11. Pocung: Yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durungé dikubur.

Sekar Madya utawa Sekar Tengahan

Macapat jenis iki kayadéné tembang Kidung kang asring dienggo rikala jaman Majapahit.

Sekar Ageng

Sekar macapat Ageng (gedhé) mung ana siji, yaiku Girisa. Yen dideleng seka angèlé, sekar macapat ageng kaya tembang Kakawin ing jaman kuna.

Tabel Sekar

Supaya luwih gampang mbédakaké siji lan sijiné guru gatra, guru wilangan lan guru lagu saka tembang-tembang mau, bisa ditata jroning tabel kaya ing ngisor iki:

Sekar Macapat

Sekar Macapat

Guru gatra

Guru wilangan

Guru lagu

Mijil

6

10, 6, 10, 10, 6, 6

i, o, e, i, i ,u

Sinom

9

8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12

a, i, a, i, i, u ,a ,i, a

Dhandhanggula

10

10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7

i, a, e, u, i, a, u ,a ,i, a

Kinanthi

6

8, 8, 8, 8, 8, 8, 8

u, i, a, i, a, i

Asmarandana

7

8, 8, 8, 8, 7, 8, 8

a, i, e, a, a, u, a

Durma

7

12, 7, 6, 7, 8, 5, 7,

a, i, a, a, i, a, i

Pangkur

7

8, 11, 8, 7, 12, 8, 8,

a, i, u, a, u, a, i

Maskumambang

4

12, 6, 8, 8

i, a, i, a, a

Pucung

4

12, 6, 8, 12

u, a, i, a

Jurudhemung

7

8, 8, 8, 8, 8, 8, 8

a, u, u, a, u, a, u

Wirangrong

6

8, 8, 10, 6, 7, 8

i, o, u, i, a, a

Balabak

6

12, 3, 12, 3, 12, 3

a, e, a, e, u, e

Gambuh

5

7, 10, 12, 8, 8

u, u, i, u, o

Megatruh

4

12, 8, 8, 8,

u, i, u, i, o

Girisa

8

8, 8, 8, 8, 8, 8, 8, 8,

a, a, a, a, a, a, a, a

Tuladha

Sinom

Pangéran kang sipat murah (8/a)

Njurungi kajating dasih (8/i)

Ingkang temen tinemenan (8/a)

Pan iku ujaring dalil (8/i)

Nyatané ana ugi (7/i)

Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)

Wiwitané nenedha (7/a)

Tan pedhot tumekèng siwi (8/i)

Wayah buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)


Dhandhanggula

Éling-éling pra kadang dèn éling (10/i)

Uripira ing ndonya tan lama (10/a)

Bebasan mung mampir ngombé (8/e)

Cinecep nulya wangsul (7/u)

Mring asalé sangkané nguni (9/i)

Begja kang wus pana (7/a)

Sangkan paranipun (6/u)

Dedalan kang dèn ambah (8/a)

Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)

Kinanthi

Padha gulangen ing kalbu (8/u)

Ing sasmita amrih lantip (8/i)

Aja pijer mangan néndra (8/a)

Kaprawiran dèn kaèsthi (8/i)

Pesunen sariranira (8/a)

Sudanen dhahar lan guling (8/i)


Asmarandana

Anjasmara ari mami (8/a)

Masmirah kulaka warta (8/a)

Anèng kuta Prabalingga (8/o)

Prang tanding lan Wurubisma (8/a)

Kariya slamet wong ayu (8/u)

Pun kakang pamit palastra (8/a)

Sejatining kasidan (7/a)

Megatruh

Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul(12/u)

Kawan dasa kang njagèni (8/i)

Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)

Sinangga ing kanan kèring (8/i)

Sang gèthèk lampahnya alon (8/o)

Wirangrong

Tan pantes akèh ngawruhi (8.i)

Mulané lamun miraos (8/o)

Dipun ngarah-arah ywa kabanjur (10/u)

Yèn uwis kawijil (6/i)

Tan kena tinututan (7/a)

Mulané dipun prayitna (8/a)

Perkembangan macapat lan mangsa keemasané

Sajarah perkembangan sastra jawa panjang dawa banget. Prof. Dr. R. M. Ng. Poerbatjaraka wis kasil gawé ikhtisar isi sing nyuguhaké pambabakan adhedhasar zaman pusaka-pusaka iku tinulis déning para apngriptané.

Sastra Jawa Kuna

Karya sastrané yakuwi kakawin Ramayana, kakawin Bharata Yudha.

Sastra Jawa Pertengahan

Miturut panemu para ahli sastra lan sastra jawa, bates wektu sing dipatrapaké tumrap sastra jawa kuna diwiwiti jawa purba nganti waara taun 1400. Kanggo sastra jawa pertengahan, wiwit taun 1400-1700, déné sakwisé taun kasebut nganti saiki diarani sastra jawa anyar. Karya sastrané yaiku, Tantu pangelaran lan Kidung Sundayana.

Sastra Jawa Zaman Islam

Jroning lembaran sastra jawa zaman Islam, ana telu pusaka sing judhulé migunakaké tembung Niti, sing maknané tuntunan. Yaiku Nitisewaka,Nitisruti lan Nitipraja. Katelu pusaka iku nadané padha, yakuwi isi tuntutan. Nitisewaka dianggit ing zaman pamaréntahan Sinuwun Mangkurat II ing Kartasura,déné Nitipraja digawé ing zaman pamaréntahan Sultan Agung ing Mataram. Nitisruti ditulis déning Pangeran Karang Gayam, yaiku sawijining pujangga krajan Pajang sing manggon ing Karang Gayam. Asma sakbeneré yakuwi Pangeran Tumenggung Sujonopuro, sing miturut silsilah isih gantung siwuré R. Ng. Ranggawarsita.

Sairing karo sumebaré ajaran Islam, sacara ora langsung, pengaruh kabudayan Islam agawé owah-owahan ing wangun puisi jawa. Saka kakawin sing mawa metrum India dadi kidung sing mawa metrum Jawa. Kalungguhan kakawin sing sadurungé minangka puisi resmi digantèkaké déning kidung. Nalika iku kidung dimanfaataké déning para intelektual Islam kanggo nyebaraké ajaran Islam ing pesisir lor ( Giri, Surabaya, Demak). Nanging, suwéning suwé kauripan kidung gèsèr uga saka Jawa menyang Bali, lan kalungguhané digantèkaké déning macapat kanthi gaya pesisiran lan muncul istilah macapat pesisiran.

Sawisé pusat panyebaran agama Islam pindhah saka tlatah pesisir menyang pedalaman, yakuwi Mataram, kabudayan jawa ngalami pembangunan. Ing zaman Sultan Agung ana restrukturisasi kabudayan jawa. Kabudayan Jawa dikristalisasi lan dimantebaké, umpamané macapat dilestarèkaké lan dibakokaké strukturé, nanging uga dimodernaké, umpamané, kanthi pangowahan Kalèndher Jawa minangka asil rekayasa perpaduan taun Saka lan taun Hijriyah.

Sastra jawa zaman Surakarta wiwitan

Zaman krajan Surakarta wiwitan, sastra Jawa ngalami zaman keagungan. Akèh banget asil sastra sing diciptakaké lan isiné uga manéka warna. Bab iki tuwuh saka pengayoman para raja sing pinuju mengku praja lan wektu semana Basa Jawa dipigunakaké minangka basa dinas pamaréntahan. Saliyané kuwi, para raja lan para satria punggawané mèlu nggubah pustaka. Bab iki minangka stimulan tumrap para peminat lan sutresna budaya padha nyonto. Sri Susuhunan Pakubuwana III, Sri Susuhunan Pakubuwana IV, Sri Susuhunan Pakubuwana V, KGPAA. Mangkunegara IV, R. Ng. Sindu Sastra, KPA. Kusumadilaga lan liyané,minangka tokoh-tokoh pamaréntahan pinunjul lan mèlu ndhukung ngembangaké kasusatran Jawa saliyané para pujangga sing diwisuda. Sauntara sing bener-bener anggawa sastra jawa mlebu ing abad keemasan ing zaman kasebut yakuwi R. Ng. Yasadipura I, pujangga pisanan kraton Kasunanan Surakarta Adiningrat. R. Ng. Yasadipura II utawa R. T. Sastranegara minangka pujangga Kasunanan sing kaloro.

Pesen jroning Macapat

Ing sajroning tembang macapat kakandhut angkah awujud pesen. I Made Purna mratélakaké yèn : “ manéka makna lan swasana sing dikandhut ing sajroning tembang macapat kanggo ngandaraké pesen utawa amanat. Kandhutan peswn sing kasusun jroning wangun tetalèn tembung mawa kaidah utawa pathokan sing baku “ Miturut Teeuw sing dikutip déning Laginem, miturut konsèp semiotik, karya sastra dianggep minangka otonom lan komunikatif. Komunikatif nduwèni makna yèn karya sastra diwadhahi jroning model komunikasi. Jroning model komunikasi ana unsur komunikator (penyampai), ‘’message’’ (pesan), komunikan (penerima). Komponen-komponen iku kanthi fungsiné dhéwé-dhéwé bisa dianggo njlèntrèhaké manéka konsèp jroning macapat. Minangka sawijining pesen, macapat nduwèni ciri lan makna miturut angkah sing dikarepaké. Conto:

1. Serat Wulangrèh Isi serat iki luwih ditujokaké marang para pemuda. Ing sajeroné ana pesen ngenani kawaskithan, kapekaan marang tandha-tandha, kajujuran lan kasabaran, rasa urmat lan sapanunggalané.

2. Serat Tripama Isi pesen serat iki diandaraké liwat perlambang utawa penampilan tokoh pewayangan minangka tuladha utawa simbul. Ana telu tokoh sing dadi conto yaiku Bambang Sumantri utawa Patih Suwanda saka epos Arjuna Sastrabahu, Kumbakarna saka epos Ramayana lan Adipati Karna utawa Basukarna saka epos Mahabarata. Miturut katelu tuladha kasebut, isi pesené arupa tuladha sipat ksatria sing pantes dianut.

3.Wirawiyata Isi pesen iki ditujokaké marang prajurit amarga nyangkut masalah ajaran keprajuritan. Bab sing kakandhut arupa janji prajurit, disiplin, kataatan, katakwaan, ora anngak lan ora sawenang-wenang.

4. Serat Panitisastra Pokok-pokok ajaran utawa pesen sing ana jroning karya iku arupa adat istiadat, sopan santun, nilai karta lan derma, tenggang rasa, pendhidhikan anak minangka pendhukung nilai sosial wong tuwa lan sanak sedulur, kawruh kanggo ngandelaké katakwaan marang Gusti kang murbèng dumadi.

5.Wulang Estri Isi pesen jroning serat iki ditujokaké marag para wanita sing bakal nglakoni urip bebrayan. Supaya kauripan rumah tanggané apik, sejahtera lair batin, isterikudu mangertèni aturan rumah tangga, ngerti watak utawa sipat bojo, teliti, lan ora olèh ndhisiki kekarepané bojo. Ajaran iki disimbulaké kanthi paraga Dewi Adaniggar saka Cina, Putri Raja Ternate, Dewi Citrawati lan lima driji tangan. Simbol-simbol iku mènèhi gambaran ngenani kegagalan kegagalan lan keberhasilan omah-omah.

6.Candra Rini Isi pesen jroning serat iki arupa ajaran moral tumrap kaum wanita jroning urip omah-omah. Konsep ajaran sing awangun deskripsi sifat, watak, prilaku istri Arjuna supaya dadi conto lan dituladhani déning kaum wanita. Istri Arjuna sing djadi perlambang yakuwi Sumbadra, Manuhara, Ulupi, Gandawati, Srikandi, Manikarja, Maeswara, Rarasati lan Sulastri.

7.Serat Dumbasawala Serat Dumbasawala isi ajaran utawa pesen sing dikarepaké dadi tuladha déning warga kraton Surakarta wektu semana. Isi pesen iku utamané ing babagan kepahlawanan (kaprajuritan), Etika ( tingkah laku ), religiusitas (ketuhanan ) lan sosial.

Jlentrehe Tembang Macapat

Maskumambang

Maskumambang iku tembang macapat kang dadi pralambang jaman wong lanang lagi mrambat dewasa, ing mangsa nalika seka bocah nuju dadi manungsa kang katon ing tengahing bebrayan. Tembung maskumambang iku sesambungan antarane emas lan kumambang. Ana kang nganggep yen Maskumambang iku tembange wong lanang, dene yen wadon iku Kinanthi. Watak tembang iki, umume isine kaya wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan sengsara.

Tuladha

Gereng-gereng Gathotkaca sru anangis

Sambaté mlas arsa

Luhnya marawayan mili

Gung tinamêng astanira

Mijil

Mijil iku artine lair utawa metu. Ing jajaran tembang Macapat, Mijil umume diselehke ing ngarep. Saben pada, tembang iki ana enem gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :

Tuladha

Mijil ing donya siniwi ratri

Kabeh durung katon

Amung anjali soca ing tembé

Lelaku alon siniji-siji

Nunggu mring wartaning

Sesotya satuhu

Sinom

Yen dijupuk arti wantah, sinom maknane godhong asem sing isih enom. Ing Macapat, sinom nduwe sipat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya.

Tuladha

§ Tuladha 1

Ing pojok wetan sang surya

Nyungging sinom dadi peni

Kagubet embun rumeksa

Dening Hyang Murbeng Dumadi

Raga jiniret ati

Seka perbawaning esuk

Manuksma suluk angga

Kang wang-sinawang mranani

Tibane prana sarwa sulih prasaja

§ Tuladha 2

Amenangi jaman édan

Éwuh aya ing pambudi

Milu édan nora tahan

Yèn tan milu anglakoni

Boya kaduman melik

Kaliren wekasanipun

Ndilalah karsa Allah

Begja-begjané kang lali

Luwih begja kang éling lawan waspada

Saka Serat Kalatidha anggitan Ki Ranggawarsita.

Kinanthi

Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume dienggo nggambarake rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Ana uga kang nggandhengake kinanthi klawan Maskumambang. Yen maskumambang kanggo wong lanang kang lagi dewasa, kinanthi kanggo wanita.

Tuladha 1

Anoman mlumpat sampun

praptêng witing nagasari

mulat mangandhap katingal

wanodyâju kuru aking

gelung rusak awor kisma

ingkang iga-iga kêksi

(Saka Serat Rama Kawi déning Kyai Yasadipura)

Tuladha liya

Pitik tulak pitik tukung

Tetulake Jabang bayi

Ngedohaken cacing racak

Sarap sawane sumingkir

Si tulak manggung ing ngarso

Si Tukung ngadhangi margi

Asmaradana

Asmaradana utawa Asmarandana iku sawijining jinis tembang macapat. Tembang Asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.

Tuladha

Gegaraning wong akrami
Dudu bandha dudu rupa
Amung ati pawitané
Luput pisan kena pisan
Lamun gampang luwih gampang
Lamun angèl, angèl kalangkung
Tan kena tinumbas arta

Aja turu soré kaki
Ana Déwa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanané
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bagéyanipun
wong welek sabar narima


Gambuh


Gambuh iku sajinising sekar madya.

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur
Polah kang kalantur
Tanpo tutur katulo-tulo katali
Kadaluwarso katutur
Katutuh pan dadi awon

Tembang Gambuh mbok menawa pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta kabèh tingkah polah manungsa iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakaké urip manungsa sing duwé patrap kaya mangkono iku

Dhandhanggula

Dhandhanggula iku salah sijine tembang macapat kang isine 'pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga nduwe isi kang legi kaya dene gula. Akeh pitutur kuna kang nganggo jenis iki.

Ana uga kang nyoba othak-athik gathuk karo sawijining raja ing jaman Kadiri, Dhandhanggendhis. Seka othak-athik iki banjur kinira yen tembang iki digawe nalika jaman Kadhiri. Gendhis uga nduwe arti gula.

Tuladha

Yogyanira kang para prajurit,
lamun bisa sira anuladha,
duk ing uni caritane,
andelira sang prabu,
Sasrabahu ing Maespati,
aran patih Suwanda,
lelabuhanipun,
kang ginelung tri prakara,
guna kaya purun ingkang den antepi,
nuhoni trah utama

Durma

Durma iku salah sijine tembang macapat kang nduwe watak galak. Ana kalane uga Durma ngemu kahanan kang serem lan marai wedi. Durma klebu tembang kang wingit.

Tuladha

Kae manungsa golek upa angkara
Sesingidan mawuni
ngGawa bandha donya
mBuwang rasa agama
Nyingkiri sesanti ati
Tan wedi dosa
Tan eling bakal mati

Pangkur

Pangkur iku salah sijine tembang macapat kang nduwe watak munggah ndhuwur. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akeh maneka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antara liya: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyane.

Pranata Praja Jawa Kuna

Ing naskah-naskah kuna sing nganggo basa Kawi, pangkur iku salah sijine pranata paja ing jaman Jawa Kuna. Pangkur, tawan, lan tirip iku kalebu mangilala drawya haji kang ora entuk mlebu ing tlatah kang dadi sima. Dinuga dening para arkeolog, yen mangilala drawya haji iku pranata praja kang tinugasan ngurusi pajek.

Istilah “Pangkur” uga tinemu ing bab-bab kang ora megepokan karo tembang, Tuladhane:

Desa ing Tumapel

Yen dideleng ing crita Ken Arok utawa Ken Angrok, ana desa kang dadi asale Ken Endok, yaiku desa Pangkur. Ing desa iki Ken Arok nglakoni jaman cilike.

Tumpeng

Ana salah sijine tumpeng kang sinebut Tumpeng Pangkur. Tumpeng iki digawe yen ana jaka (wong lanang durung nikah) mati. Tumpeng kuwi banjur digawa menyang kuburan.

Tuladha

Sekar Pangkur kang winarna

lelabuhan kang kanggo wong aurip

ala lan becik puniku

prayoga kawruhana

adat waton puniku dipun kadulu

miwa ingkang tatakrama

den keesthi siyang ratri

Megatruh

Megatruh utawa Dudukwuluh iku kalebu tembang sekar madya. Wateké prihatin lan getun pungun-pungun (Indonesia "rasa sakit hati karena rindu") .

Tuladha

Tuladha iki dijupuk saka Babad Tanah Jawi anggitan Ki Yasadipura.

sigra milir kang gèthèk sinangga bajul

kawan dasa kang njagèni

ing ngarsa miwah ing pungkur

tanapi ing kanan kéring

kang gèthèk lampahnya alon

Sumber

Johannes Jacobus Ras, 1982, Inleiding tot het modern Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-x, (Kaca 314-315).

Pucung

Pucung (ana kalane tinulis pocung) iku tembang macapat kang ngelingke marang pepati. Pucung cedhak karo tembung pocong. Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon, pucung dienggo tembang kang bisa ngelingake marang manungsa yen urip ing ndonya ana pungkasane.

Ananging Pucung uga nduwe watak liya. Pucung iku jenenge wiji woh-wohan. Wanda cung uga marai gawe rasa seger kang ngelingake marang perkara kang lucu kaya dene isih jaman dikuncung. Tembang iki asring dienggo tembang-tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa bedhekan.

Tuladha

Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
setya budya pangekesing dur angkara

Jurudemung

Jurudemung iku kalebu tembang sekar madya. Wateké prenèsan lan biyasané dienggo tembang wangsalan utawa sing rada érotis.

Tuladha iki dijupuk saka Serat Pranacitra

ni ajeng mring gandhok wétan

wus panggih lan Rara Mendut

alon wijilé kang wuwus

hèh Mendut pamintanira

adhedhasar adol bungkus

wus katur sarta kalilan

déning jeng kyai Tumenggung.

Sumber

Johannes Jacobus Ras, 1982, Inleiding tot het modern Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-x, (Kaca 313).

Wirangrong

Wirangrong iku kalebu tembang sekar madya. Wateké mrabu lan mrabawa. Tembang iki biyasa dienggo nembangaké prakara-prakara sing gagah.

Tuladha

Tuladha iki dijupuk saka Serat Wulang Rèh anggitan dalem Ingkang Sinuhun Pakubuwana IV.

dèn samya marsudêng budi

wiwéka dipunwaspaos

aja-dumèh-dumèh bisa muwus

yèn tan pantes ugi

sanadyan mung sakecap

yèn tan pantes prenahira

Sumber

Johannes Jacobus Ras, 1982, Inleiding tot het modern Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-x, (Kaca 314).

Balabak

Balabak iku kalebu tembang sekar madya. Wateké sakepénaké lan parikena.

Tuladha

Tuladha iki dijupuk saka Serat Jaka Lodhang anggitan Ki Ranggawarsita.

byar rahina Kèn Rara wus maring sendhang

mamèt wé

turut marga nyambi reramban janganan

antuké

praptêng wisma wusing nyapu atetebah

jogané

Sumber:

Johannes Jacobus Ras, 1982, Inleiding tot het modern Javaans. ’s-Gravenhage: Nijhoff. ISBN 90-247-6167-x, (Kaca 314).

Lampiran:

Titilaras lan Cakepan tembang Macapat

Tembang dolanan

Tembang dolanan iku jinis tembang sing prasaja, biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.

Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit. Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.

Tuladhane Tembang Dolanan:

Sluku-Sluku Bathok

Sluku-sluku bathok

Bathoke ela-elo

Si Rama menyang Sala

Oleh-olehe payung motha

Mak jenthit lolo lobah

Wong mati ora obah

Nek obah medeni bocah

Nek urip goleka dhuwit.

Cublak-Cublak Suweng

cublak cublak suweng
suwenge ting gelenter
mambu ketundung gudel
pak empong lera-lere
sopo ngguyu ndelikkake
sir sir pong dhele gosong
sir sir pong dhele gosong

Jaranan

jaranan-jaranan… jarane jaran teji
sing numpak ndara bei
sing ngiring para mantri
jeg jeg nong..jeg jeg gung
prok prok turut lurung
gedebug krincing gedebug krincing
prok prok gedebug jedher

Jamuran

Jamuran jamuran ya ge ge thok

jamur apa ya ge ge thok

Jamur payung, ngrembuyung kaya lembayung
sira badhe jamur apa?

Pitik Tukung

Aku duwe pitik, pitik tukung
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji
tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol
tanpa wulu,megal-megol gol gol gawe guyu

Padang Mbulan

Yo, para kanca dolanan ning njaba
Padang mbulan, padange kaya rina
Rembulane sing ngawe-awe
Ngelingake aja pada turu sore

Pelem-Pelem Mentah

Pelem-pelem mentah

Entek entek no entek entek no

Sisane sang gatut koco

Gatutkoco edan gatotkoco edan

Omahe plek emplekan

Kidul kidul kono kidul kidul kono

Ono lintang galo galo

Dak sumpingi opo dak sumpingi opo

Dak sumpingi godhong telo

Ela elo eno

Paman Tukang Kayu

Paman tukang kayu

Pripun solahdhiko graji kayu

Srok drung drung srok pung

Srok drung drung srok gung

Paman tukang kayu

Pripun solahdhiko natah kayu

Tek dung dung tek pung

Tek dung dung tek gung

Paman tukang kayu

Pripun solahdhiko masah kayu

Srek dung dung srek pung

Srek dung dung srek gung

Paman tukang kayu

Pripun solahdhiko maku kayu

Tok dung dung tok pung

Tok dung dung tok gung

Paman tukang kayu

Pripun solandhiko ngethok kayu

Tok dung dung tok pung

Tok dung dung tok gung

Paman tukang kayu

Pripun solahdhiko nggorok kayu

Srek drung drung srek pung

Srek drung drung srek gung

Srek drung drung srek pung

Srek drung drung srek gung

Padhang Rembulan

Ayo ayo dha dolanan ing plataran

Padang rembulan padange kaya rina

Padang gumilang sing dolan ora ana

Bocah dolan bocah dolan dha renea

Ayo para kanca ayo padha suka-suka

Dolanan jogetan tetembangan ing plataran

Kupu Kuwi

Kupu kuwi tak incupe

Munglakumu ngewohake

Ngalor ngidul ngetan bali ngulon

Mrono mrene mung sak paran-paran

Sapa bisa ngincupake

Mentas menclok clegrok

Banjur mabur bleber

Kroto-Kroto

Kroto-kroto pentile mlinjo

Mlinjo dadi omah gedong pinggir kali

Parenda parendi parenda parendi

Abang koyo dubang putih koyo utih

Manuk glatik kelire alus dadane

Sentak sentik ambegane

Sentak sentik ambegane

Kidang Talun

Kidang talun mangan kacang talun

Mil ketemil mil ketemil

Si kidang mangan lembayung

Tikus siji duwe anak siji

Cicit cuwit cicit cuwit

Si tikus mangani pari

Gajah belang seko tanah sebrang

Si gajah kecemplung blumbang

Kembang Jagung

Kembang jagung omah kampung pinggir lurung

Jejer telu sing tengah bakal omah ku

…… munggah guwo mudun ……

Metik kembang soko dicaoske kanjeng romo

Maju kowe tatu mundur kowe ajur

Jokno sak balamu ora wedi sundukanmu

Iki lho dhadha satriya

Iki lho dhadha janaka

Jago Kate

Jago kate tetete kukuruyuk_kok……..

Dibalang watu uncag-uncug_keok

Keno telihe doh layune_jrantal

Mari umuk mari ngece

Si kate katone nyekungkung

Buto-Buto Galak

Buto-buto galak solahe lonjak-lonjak

Ngadek sigrak-sigrak

Nyandak punco nuli tanjak

Bali ngadek maneh rupane ting celoneh

Kuwi buron opo tak sengguh buron kang aneh

Lawong kowe sing marah-marahi

Lawong kowe we we we sing marah-marahi

Rupamu kok ngono hi… hi… aku wedi

Ayo konco podo bali

Galo kae galo kae

Rupane terak-terok rok … rok … rok… rok …

Matane plerak-plerok rok … rok … rok… rok …

Yo kulite ambengkerok

Esuk esuk

Esuk-esuk srengengene lagi metu_ sibu

Nyuwun pengestu kang putra bade sinau_sibu

** Esuk-esuk srengengene lagi metu_ sibu

Nyuwun pengestu kang putra bade sinau_sibu

Awan-awan srengengene eneng tengah_simbah

Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah_simbah

** Awan-awan srengengene eneng tengah_simbah

Bungah-bungah kang wayah mulih sekolah_simbah

Sore –sore sianu ono ing sabak_bapak

Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak_bapak

** Sore –sore sinau ono ing sabak_bapak

Biblak sodo wis gemletak njroneng kotak_bapak

Kodok Ngorek

Kodok ngorek kodok ngorek ngorek pinggir kali
teyot teblung teyot teblung teyot teyot teblung
Bocah pinter bocah pinter besuk dadi dokter
bocah bodho bocah bodho besuk kaya kebo

Kate Dipanah

Te kate dipanah
dipanah ngisor gelagah
ana manuk onde-onde
mbok sirbombbrok, mbok si kate mbok sirbombbrok,
mbok si kate mbok sirbombbrok, mbok si kate

Lir Ilir

Lir ilir, lir ilir, tandure wus sumilir
tak ijo royo-royo tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi
Lunyu lunyu yo peneken kanggo mbasuh dodo tiro
dodo tiro kumitir bedah ing pinggir
Dondomana j'rumatana kanggo seba mengko sore
mumpung padang rembulane, mumpung jembar kalangane.yo surako surak hiyo.

Gundhul-Gundhul Pacul

Gundhul gundhul pacul cul, gembelengan
nyunggi nyunggi wakul kul, petentengan
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar
wakul ngglimpang, segane dadi sak latar

Menthok-Menthok

Menthok, menthok, tak kandani mung lakumu,
angisin-isini mbok yo ojo ngetok,
ono kandhang wae enak-enak ngorok,
ora nyambut gawe
menthok, menthok ...
mung lakukumu megal megol gawe guyu

Gambang Suling

Gambang suling, ngumandhang swarane
tulat tulit, kepenak unine
uuuunine.. mung..nreyuhake ba-
reng lan kentrung ke-
tipung suling, sigrak kendhangane


Geguritan

(Puisi Jawa Gagrag Anyar)

Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair. Mula, ana sing ngarani syair Jawa gagrag anyar. Tembung ‘geguritan’ asale saka tembung ‘gurita. Tembung ‘gurita’ owah-owahan saka tembung ‘gerita’. Tembung ‘gerita’ linggane ‘gita’, tegese ‘tembang utawa syair’. Geguritan Jawa sakawit tinemu ing lagu-lagu dolanan, saiki mujudake wohing kasusastran puisi kang warna-warna wujud dhapukane. Adhedhasar dhapukaning ukara lan pangiketing tembung warna-warna araning geguritan, kaya ta:

1. Syair rong gatra sapada (gita dwigatra)

Pangajab

Atimu kang wingit mara selehna ing dhadhaku,

atimu kang wengis mara tumpangna ing tanganku.

Priya kang tansah ngulandara mara nyedhaka,

ing tanganku tumetes anyesing banyu sih sutresna.

Angin bengi angining pangayoman,

mara nyedhaka ing samubarang tumandukmu.

Priya kang tansah ngulandara,

ing kene ana halte pungkasan.

(Napsiah Sastrasiswaja, Djaja Baja: XVIII No. 28, 16)

2. Syair telung gatra sapada (gita trigatra)

Anak

Kemandhange kaluwarga

kang ngasri bawana

klawan warna rupa bedhekan.

Iya berkah paringe pangeran

tali-talining karep lan katresnan

kang nyancang marang alam kasunyatan.

(St. Iesmaniasita, Mekarsari: XI No. 16, 1967)

3. Syair patang gatra sapada (gita catur gatra)

Wengi

nganti adoh parane kasepen nggilet donya,

dikembangi sunare rembulan tanggal tuwa,

dumelung nglangut asu mbaung,

wengine sangsaya liwung.

(Eddy D.D., Djaja Baja XVIII, 1964:16)

4. Syair limang gatra sapada (gita panca gatra)

Lintang-lintang

lintang-lintang abyor ing tawang

cumlorot sliweran nalika alihan

kumleyang mencok ing socamu asihku

cahyane gumebyar sunare gilar-gilar

ing telenge atimu sliramu tansah dakantu

lintang-lintang alihan

cumlorot telu ana pundhakku

kawitan lintang abang lintang perang

kapindho lintang mirunggan lintang kamanungsan

pungkasan lintang kumukus lintang kadurakan

(Suharmono, Jaya Baya. XXXI, 1977:26)

5. Syair nem gatra sapada (gita sadgatra)

Tresnaku marang Dasih

Sanadyan kaya ngapa kerut samirana

kabuncang ing pangumbara

semine pucuk-pucuk mlathi

tansah dakanti awan bengi

kanthi donga panyuwun

marang rama ibu lan Gusti

(Trilaksita, Djaja Baja. XIX No. 42:24)

6. Syair pitung gatra sapada (gita sapta gatra)

Tapel Wates

Apa bakal kokpasrahake jembaring dhadhamu,

pinangka wedaling tresna,

urip rak mung sak mampir ngombe,

ana janji-janji sing durung tinebus bali,

putihing mlathi lan wengi

biruning tresna lan ati,

sarta kijinging nini-nini

(Trim Sutidjo, Djaja Baja. XIX No 4:24)

7. Syair wolung gatra sapada (gita hastha gatra)

Ing Sihing Gusti

Mitra aja uwas atimu,

nadyan neng tepining jurang,

weteng-wetyeng sing muntir ora dipikir,

ati ngedhap ngelingi urip sesuk,

lan saya badhege jaman edan,

sokna atimu mitra!

ing sihing Gusti

ing sihing Gusti

(Soejono, Djaja Baja. XIX No. 27, 1965:24)

8. Syair sangang gatra sapada (gita nawa gatra)

Jakathole

Aku iki pangumbara saka sabrang kidul,

ing Madura ngupaya lurung agung,

tumuju marang jangka sejarah,

klawan jangkah angarah candhi madu repolusi,

aku iki turunmu tunggal bumi

o, Jakathole pecutmu nggugah semangat,

siniram amis getih papa anjerit kataman duhkita,

Jakathole, aku antuk waris teguhing jiwamu,

arep dakbektekake marang nusa bangsa.

(Anie Soemarno, Djaja Baja. XIX No. 4:24)

9. Syair dhapur sonata

Kawruh

Saliring kodrat kang tinon mripat,

Apa dene kang tan kasat mata,

Kabeh tumindak miturut sipat,

Garis angger-anggering jagad raya.

Wit lumrahing janma neng jagad,

Tan sepi anane para sarjana,

Rina lan wengi tan kendhat-kendhat,

Marsudi angering tribawana.

Sarana pakarti lawan samadi,

Sanityasa ngetog mangulir budi,

Wohing pamardi tinatata titi.

Ginelar ing kandha sarwa teteh,

Murih gampang katampa akeh,

Murakabi uripe janma kabeh.

(Intojo, Kejawen. XVI, 1941)

Supitan Bali

Ombak kocak kimplak-kimplak

prau layer milir alon alesu

nangkodha gita agiyak-giyak

lelagon lagu seru keprungu

Plampung kampul kompal-kampul

pindha anak lunjak-lunjak

suka surak girang gumuyu

weruh bapak mbopong iwak

Lampu-lampu menara kelap-kelip

Netrane Raden Bantrang Dewi Surati

Laut iki supitan Bali

Watese tanah Jawa Bali

Laut iki supitan Bali

patemone kabudayan Jawa Bali

(Prijanggana, Djaja Baja. XVIII No. 18: 15)

10. Syair/Geguritan bebas

Cobaning Urip

Jroning urip aku nate ngalami

lelakon kang gawe ngunguning ati

Ana sawijining paraga

temene aku ora nate kandha

uga ora nulak sihing sapadha-padha

nanging ya gene ora kuwawa nampa

Isining ati kawedharake marang aku sawiji

apa aku ora andarbeni

rasa nyawiji

aku ora ngerti . . . .

Apa dadine

kanyatan ora marengake

lan aku tansah percaya

yen kuwi mung sawenehing coba

Urip kuwi mung saderma

dadi pelaku ing madyapada.

(Cece atmaja, Panjebar Semangat. XLIII No 34:14)

Ewone Kasusastran Liyane

Paribasan; Bebasan, Saloka

Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.

Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane
Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
Abag-abang lambe = guneme mung lamis
Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
Asu marani gebug = njarag bebaya
Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati

Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab

Wangsalan

Wangsalan yaiku unen-unen kang ngemu teges badhean, kaya dene cangkriman utawa tebakan. Tembung ‘wangsalan’ nunggal teges karo ‘wangsulan’. Ing sajroning wangsalan ngemu unen-unen, lan unen-unen iku mbutuhake wangsulan minangka batangane.

Wangsalan ana kang kaprah lan tinemu ing paguneman padinan lan mengku karep tartemtu, tur saben wong ngerti karepe. Yen ana wong muni: ‘Eh, bocah cilik mono aja ngroko cendhak’, sing diajak guneman ngerti, karepe ‘aja neges-neges’, rokok cendhak iku tegesan. Ana wong martamu, sing duwe omah mbagekake karo celathu: ‘E, njanur gunung temen!’, karepe ‘kadingaren’. “Janur gunung” bedhekane “janur aren”. Ana bocah ngaku-aku duweking liyan, banjur disendhu: ‘E, aja ngedom kreteg!’. “Dom kreteg’ iku ‘paku’.

Wangsalan uga akeh tinemu ing kasusastran, lumrahe rinakit ing basa pinathok tur rinengga. Ana uga kang sinawung ing tembang Macapat. Ing seni karawitan sok kanggo umpak-umpak ing gendhing. Tuladhane:

1. Wangsalan padinan

Isih enom kok njangan gori. (jangan gori = gudheg)

Ditakoni malah ngembang suruh. (kembang suruh=drenges)

We, kok banjur ngewoh kesambi. (who kesambi=kucacil)

2. Wangsalan kang rinacik ukara

Ayam wana, ywa nasar tindak dursila. (bekisar)

Balung janur, nyata sira mangka usada. (sada)

Balung klapa, ethok-ethok ora priksa. (bathok)

Balung ula, dakgagas gawe rekasa. (gragasan)

3. Wangsalan kang dumadi saka rong ukara utawa rong gatra. Gatra kapisan minangka wangsalan (cangkriman), ukara kapindho minangka bedhekane utawa wangsulane.

Tuladha:

Gentha dara, ari Senen basa kuna. (sawangan; Soma)

Sawangane, narima asrah ing jiwa.

Ancur kaca, kaca kocak munggwing netra. (banyu rasa; tesmak)

Den rinasa, tindak mamak tan prayoga.

Ari Sena, Sena gelung minagkara. (Arjuna; Wrekodara)

Puji arja, mrih antuk sihing bandara.

4. Wangsalan sinawung ing tembang

Sinom

Jamang wakul Kamandaka,

kawengku ing jinem wangi,

kayu malang munggeng wangan,

sun wota sabudineki,

roning kacang wak mami,

yen tan panggih sira nglayung,

toya mijil sing wiyat,

roning pisang leash ing wit,

edanira tan waras dening usada.

(Babad Pasir: IV.4)

Kinanthi

Sastra pangandheging kidung,

sudarma Basudewaji,

ngestu pada mring kusuma,

manjanma ping sakethi,

pusara pangiket gangsa,

tumutur tan sedya kari.

(Mangkunagara IV, Manuhara: II, 11)

Sengkalan

“Miyarsakna trus ingkang sabda narendra”. (Mangkunagara IV, Serat Candrarini)

Ukara “miyarsakna trus ingkang sabda narendra” lumrah kasebut sengkalan. Ukara iku ngemu teges angkaning taun Jawa, yaiku taun 1792. Unen-unen kang awujud ukara lan ngemu teges angkaning taun diarani sengkalan. Yen nglacak bab pangerten lan sejarahe istilah sengkalan ing wektu iki wis ora cundhuk. Nanging wis dadi pangerten mangkono. Angkaning taun kang awujud racikaning ukara lan ngemu teges angkaning taun sinebut sengkalan. Bibit kawit anane sengkalan nalika wong migunakake petungan taun Saka, kang wiwite taun 78 Masehi. Sawise taun Saka jumedhul petungan anyar, ana kang ngarani taun Jawa. Mula tembung sengkalan sakawit ateges wektu Saka, karepe Taun Saka. Tembung ‘saka kala’ dadi ‘sengkalan’.

Sabanjure ora mung taun Jawa kang padha dipigunakake ing urip bebrayan. Kajaba taun Jawa uga ana taun Masehi. Taun Jawa alandhesan ubenge rembulan, mula banjur ana sengkalan kang senebut Candrasangkala. Taun Masehi alandhesan ubenge srengenge, mula banjur tuwuh sengkalan kang sinebut Suryasangkala. Awit ajuning karya seni, luwih-luwih seni lukis, sengkalan diwujudake lukisan, gegambaran, utawa pepethan.Lukisan, gambaranm utawa pepethan iku kena karacik dadi unen-unen kang awujud ukara lan kena diothak-athik tegese salaras karo ancas tujuane, sarta mengku karep angkaning taun. Sengkalan kang mangkono iku diarani sangkala petha. Sarehne panyurasane ora gampang, kudu memet anggone mikir, mula banjur karan sengkalan memet.

Sengkalan kang awujud ukara lan lamba diarani sengkalan lamba. Sengkalan lamba lumrahe tinemu ing layang-layang, kadhangkala kamot ing yayasan minangka pengetan. Sengkalan memet kamot ing yayasan.

Nyurasa angkaning taun ora gampang. Paugeran kang maton kena diarani ora ana. Mung wae adhedhasar tata cara lan adapt sastra kang wis digarap dening para sastrawan lan pujangga, banjur tuwuh uga anane paugerankang kena kanggo ancer-ancer nyurasa teges lan kareping tembung. Yen arep negesi angkaning taun kudu ngerti ajining tembung. Ajining tembung ing sengkalan diarani ‘watek’, kalanture dadi ‘watak’. Tembung watek sakawit asal saka Jawa kuna, tegese ‘golongan’. Wis salah kaprah tembung ‘watak’ nunggal surasa karo tembung ‘watak’ kang lumrah dianggo sadina-dina. Umpamane watak wong, wataking bocah. Nanging ing sengkalan becik kasurasa sarana tegese ‘ajining angka’, kapirid saka surasaning tembung.

Para ahli sastra lan kabudayan Jawa ana kang wis ngracik layang kang ngemot paugeran bab sengkalan, yaiku layang kang dianggit asesirah Serat Sengkalan Lamba lan Memet, karangane K.M. Sasrasumarta kang alandhesan Serat Candrasangkalan karyane R.Ng. Ranggawarsita. Serat Candrasangkala karangane Raden Bratakesawa, weton Bale Pustaka 1952.

Sanepa

Sanepa yaiku unen-unen kang ajeg panganggone ngemu surasa tetandhinga lan duwe teges mbangetake kanthi nyurasa teges kosok baline. Sanepa: “tatune arang kranjang” karepe tatu iku kaya bolonganing kranjang. Mangka bolonganing kranjang iku yen dideleng, sing bolong lan sing ora bolong akeh bolongane. Unen-unen iku nyanepani: ‘tatu sing kerep banget’. Tuladha liya:

Ambune arum jamban. (benger banget, karo jamban isih arum ambuning jamban)

Balunge atos gedebog. (mbedhel banget, empuk banget)

Cahyane abang dluwang. (pucet banget)

Eseme pait madu. (manis banget)

Kawruhe jero tapak meri. (cethek banget)

Polahe anteng kitiran (montang-manting)

Rasane legi bratawali. (pait banget)

Rembuge peret beton. (lunyu banget)

Suwe mijet wohing ranti. (sedhela banget)

Purwakanthi

Purwakanthi memper tegese karo sajak utawa rima. Sabenere, jinis lan jenenging purwakanthi uga ora akeh, yaiku: purwakanthi guru swara, manawa kang runtut swarane (lumrahe swara aksara menga/vokal); purwakanthi guru sastra, manawa kang runtut aksarane; purwakanthi guru basa lan purwakanthi lumaksita. Utawa isih akeh istilah liya kanggo tetenger araning purwakanthi:

1. Purwakanthi guru sastra

tata titi tentrem (sastra t)

kala kula kelas kalih (sastra k, l)

Suma Sumi lan Sumarni (sastra s, m)

tuwa-tuwa tuwas tiwas (sastra t, w)

waras wiris wareg (sastra w, r)

sluman slumun slamet (sastra s, l)

rasa risi rumasuk ati (sastra r, s)

asah asih asuh (sastra a, s, h)

2. Purwakanthi guru swara

sumi lan surati (swara i)

gajah nguntal srangkah (swara ah)

ya judheg ya buneg (swara eg)

ya bungah ya susah (swara ah)

wong wedok kecenthok-centhok (swara ok)

3. Purwakanthi guru wanda

anak anung anindita (wanda a)

kadang katut (wanda ka)

bas basuki (wanda ba)

kadang kadean (wanda ka)

sugih singgih (wanda gih)

criwis cawis (wanda wis)

entek entung (wanda en)

bandha bandhu (wanda ban)

tandang tanduk (wanda tan)

rigen mugen tegen (wanda gen)

4. Purwakanthi lumaksita

Urip iki ora angel, angele sok ginawe dhewe, dheweke tan ngrasa bisa, bisane mung nyadhong dhawuh, dhawuhe Kang Murba Amasesa.

Ngelmu iku luwih pangaji, ajine datanpa tandhing,tandhingna bandha lan arta, arta iku gampang sirna, sirnane tan petung wektu, wektune ilang saben mangsa,mangsa iku gunakna ngupadi ngelmu.

5. Kajaba iku uga bisa migunakake istilah: purwakanthi purwawanda, purwakanthi madyawanda, wasanawanda, purwagatra, wasanagatra, lan sapanunggalane.

Parikan

Tembung ‘parikan’ ana gandheng cenenge karo tembung ‘pari’. Ing basa Melayu ana rumpakan kanga ran ‘pantun’. Racikan lan paugerane memper utawa meh padha karo rumpakan kang kasebut ‘pantun’. Ing rumpakan pantun ana gatra sampiran, yaiku gatra kapisan lan kapindho. Isi kandhutaning rumpakan tinemu ing gatra katelu lan kapapat. Rumpakan kang diarani Parikan ngemu paugeran kaya Pantun ing basa Melayu. Kanthi ringkes, parikan iku ngemu paugeran:

a. parikan sapada kadaden saka patang gatra

b. purwakanthine a b a b

c. gatra kapisan lan kapindho minangka sampiran, gatra katelu lan kapat isining parikan

Parikan akeh tinemu ing: seni karawitan, seni sastra, la nana uga kang tinemu ing basa padinan.

Panyandra

Panyandra yaiku unen-unen saemper pepindhan kang surasane mawa tetandhingan sarta ngemu teges memper. Tetandhingan iku lumereg marang ‘kaendahan’. Kang dicandra bab becike lan mengku karep ‘ngalem kaendahane’. Tuladha:

Alise nanggal sepisan.

Athi-athine ngudhup turi.

Bangkekane nawon kemit.

bathuke nyela cendhani.

Drijine mucuk eri.

Dedege ngringin sungsang.

Cangkriman

Cangkriman yaiku unen-unen kang rinacik ing tembung kang tumata, surasa utawa isine ngemu teges kang dudu dibadhe. Cangkriman uga kasebut ‘badhean’ utawa ‘bedhekan’. Ing sawatara panggonan sok kasebut ‘capean’. Racikaning cangkriman ana kang dhapur ukara lumrah, ana kang sinawung ing tembang. Wujud lan dhapukaning cangkriman kabedakake:

a. cangkriman kang dhapur rerakitaning tembung wancahan.

b. Cangkriman kang dhapur rakitaning ukara kang ngemu surasa irib-iriban utawa pepindhan.

c. Cangkriman kang surasa blenderan utawa teges plesetan.

Tuladhane:

Wiwawite lesbadhonge = uwi dawa wite, tales amba godhonge

Pak bomba, pak lawa, pak piut = tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciyut

Pak boletus = tapak kebo isi lele satus

Gajah nguntal sangkrah = luweng

Pitik walik saba kebon = nanas

Pitik walik saba amben = kemucing, sulak

Sawah rong kedhok galengane mung sithok = godhong gedhang

Sega sakepel dirubungi tinggi = salak

Ana titah, duwe gulu tanpa sirah. Duwe silit nanging ora tau bebuwang. Sapa kuwi? (gendul)

Ana kewan mapane ing alas. Saben wong mesthi wedi. Bareng digendhong dening manungsa, kewan iku ora medeni maneh, lan ora duwe upas, ora nyakot manungsa. Apa arane kewan iku?

Isbat

Isbat yaiku unen-unen kang ajeg panganggone lan mawa surasa tartamtu. Isbat awujud racikaning tembung kang ndhapuk ukara, ngemu teges entar lan ngemu ‘pasemon’. Tembung ‘isbat’ tegese ‘katetepan’. Isbat saemper paribasan, tegese lumereg marang filsafat? [mbokmenawa luwih trep 'falsafah'] lan pasemon. Lumrahe dianggo istilah, konsep, utawa kredho ing ngelmu tasawuf, makripat, filsafat/falsafah kejawen, utawa idheologi ‘sangkan paran’. Tuladha:

golek banyu apepikulan warih

Golek geni adedamar.

Kodhok ngemuli lenge.

Nggoleki galihing kangkung.

Nggoleki isining bumbung wungwang.

Nggoleki susuhing angin.

Nggoleki tapaking kuntul nglayang.

Nggoleki wekasaning langit.

Isih ana maneh ewone kasusastran jawa sing bisa diwaos ing buku Ngengrengan Kasusastran Jawa, kang dianggit dening: S. Padmosoekotjo, Penerbit Hien Hoo Sing, Djogdja, 1955.